Kamis, 21 Januari 2016

SERAT Tripama DANDHANGGULA

SERAT Tripama                DANDHANGGULA
                                                                                       Kanggit : KPGAA Mangkunegara

JENENG KELOMPOK KELAS XII IPS TELU :

                  -BUDI ARIYANTO

                        -JENI EKA SETIAWATI

                        -RETNA AYUNI

                        -REDI ARSANDI

                        -YOGI PASYA






SMA N 1 KALIWIRO


SERAT TRIPAMA
Dandhanggula
Kaanggit dining KPGAA MANGKUNEGARA IV

Kumbakarna kinen mangsah jurit
Mring kang raka sira tan lenggana
Nglungguhi kasatriyane
Ing tekad datan purun
Amung cipta labuh nagari
Lan noleh yayah rena
Nyang leluhuripun
Wus mukti aneng Ngalengka mangke
Arsa rinusak ing bala kapi
Punagi mati ngrana.
 


ARTI WONTEN SERAT WONTEN NGINGGIL :

Sang Kumbakarna namanya;
Walaupun wujudnya raksasa;
Walau demikian ingin mencapai keutamaan;
Ketika dimulainya perang Ngalengka;
Ia menyampaikan pendapat;
Kepada kakaknya (Prabu Dasamuka supaya (Ngalengka) selamat;
Dasamuka tidak mau mendengar pendapat baik;
Karena hanya melawan (balatentara) kera.Kumbakarna diperintah maju perang;
Kepada kakaknya ia tidak membantah;
Karena menetapi sifat ksatria;
(sebenarnya) Tekadnya tidak mau;
Hanya semata-mata bela negara;
Dan melihat bapak ibunya;
Serta leluhurnya;
Sudah hidup mukti di negara Ngalengka;
Sekarang mau dirusak balatentara kera;
Bersumpah mati di medan perang.
 


GURU GATRA                       : “10”
GURU WILANGAN              : “10i,10a,8e,7u,9i,7e,6u,8a,12i,7a”
GURU LAGU                         : “i,a,e,u,i,e,u,a,i,a”
 


CERITA : “KESATRIA KUMBAKARNA”
Sanskerta: Kumbhakarṇa Golongan: rakshasa Asal: Krajaan Panglebur Gangsa Kumbakarna iku putran éBegawan Wisrawalan Dèwi Sukesising kaping loro. Sedulure ana papat, yaiku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lanGunawan Wibisana. Kasatriyané ing Panglebur Gangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan duwe putra cacah loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diamuk dening Anoman sawadya balane, Kumbakarna maju perang . Dheweke nduweni niat ingsun maju perang mbela tanah kelairane iya bumi pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange pabaratan.Wujudé Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora ana kang madhani lan katon nggegirisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulané sinung aran Kimbakarna.Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajroné mertapa, uripé Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapa, Kumbakarna karawuhanBathara Guru, Kumbakarna kaparengaké darbé panyuwun, lan apa kang dadi panyuwuné bakal diijabahi.Satemené para déwa kang ndhèrèk tindaké Bathara Guru padha ora nyarujuki yèn Kumbakarna kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan manganmanungsa. Wus akèh manungsa, brahmana, resi, widadara, widodari dalasan para déwa pisan kang dimangsa déning Kumbakarna.Bathara Guru nuli dhawuh marangDèwi Umasupaya manjing ing tutuké Kumbakarna, dumunung ing pucuking ilaté, supaya aturé raseksa iku ora padha karo sing dikarepaké. Mula nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, bisa gawé kekesé mungsuh.Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Pethak Gelap Sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yèn wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turukepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-santosané salira. Saben mentas mangan lan ngombé kang akèhé nganti ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahé Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawasé. Dayaning aji Pethak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yèn petak swarané kaya gelap ngampar, agawé kekesing atiné para mungsuhé.Ana ing Alengka, kalungguhané Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna senadyan asipat diyu (buta) nanging pambegané satriya. Marang wataké Dasamuka kang banget angkara murka, Kumbakarna benget nyeda(nyacat), Dasamuka ndhustaDèwi SintagarwanéRamawijayabanget cineda déning Kumbakarna. Miturut panemuné ngalap bojoning liyan sarana dinustha, iku panggawé nistha, dudu pakartiné satriya. Yèn miturut wataké satriya ngalap rabiné liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dèwi Sinta dibalèkaké dhisik marang Rama. Sawisé mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa dhèwèké, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanaranganti tumekané Patih Prahasta mengsah yuda, Kumbakarna isih kepati nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Angel ing panggugahé Kumbakarna agawé gumuné wadyabala kang dinuta. Sanadyan awaké nganti wola-wali giniles kréta apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandéné Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng wulu-puhuné (cumbu)-né dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.Wis dadi padatané Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombé. Salebaré mangan-ngombé kang ora karuwan akèhé, Kumbakarna banjur ngadhep kadangé wreda. Sawisé diwartanirusaking wadyabala Alengka nganti tekan sédané Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didhawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balané PrabuRama.Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, negarané rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.Kumbakarna panas atiné. Kabèh pangananlan ombèn-ombèn sing mlebu wetengé sigra diwutahaké manèh ana ngarepé Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahané Kumbakarna. Gandané ora enak, marahi muleg-muleg ning weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunèk-unèkaké sakatoké. Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyané ora nglabuhi angkara murkané Dasamuka, nanging nedya mbélani lan ngrungkepi bumi wutah getihé kaya kang digambaraké ana ing Serat Tripama yasané pujangga Mangkunegara IV kaé. Wusanané Kumbakarna gugur ana paprangan. Irungé grumpung lan talingané pagas merga dicokot lan disempal déning Sugriwa. Tangané loro lan sikilé loro tugel kajemparing déning Rama. Senadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkaséRama tumanen ing jajané Kumbakarna saéngga palastra.Patine Kumbakarna kanthi pérangané awak kang diprèthèli mbaka siji iku minangka piwalesé Ditya Jambumangl ikang duk ing uni uga mati kanthi awak diprèthèli déning Resi Wisrawa, keng ramané Kumbakarna.



Tidak ada komentar: