SEMUT
Ing alas akeh urip
kewan kewan, ana sing cilik uga ana sing gedi. Ing alas kono ana semut sing
cilik lan mestine ora gede kaya kebo.Semut kui ing ngalas mesti dadi sasarane
kewan sing mangane kewan kewan cilik, kaya manuk manuk sing mangane semut
semut, tapi ya melas semut kui ning pancen semut kui ya empane manuk manuk.
Sawise semut semut
urip nang wit witan nanging isih di incer manuk manuk , banjur semut kui nggawe
ide rembug marang batir batir semut liya monine ngene “ kanca kanca kita kudu
luru ide ben dewek kabeh selamet ora kepangan manuk manuk sing ra duweni melas
marang dewek pada, kita kudu luru umah sing bisa nggo panggonan lan go aleng
aleng bene ra di pangani manuk”.
Sawise kui semut
semut pada nduweni ide arep nggawe omah ning jero kayu sing wis pada bolong,
sawise wis pada rembug pirembug dadi semut langsung mangkat marang kayu sing
wis pada bolong, langsung nggaweni omah omah lan pada ngenduk ning kayu kui
mau.Sawise sui nganggoni omah sing anyar kui, semut semute kui dadi akeh lan konanga
marang manuk platuk sing senengane notoli kayu. Manuk platuk kui ra sengaja
lewat palah weruh semut semut ing kayu kui, bajur manuk platuk kui mampir kono
notoli semut semut ku kanti resik lan enduk enduke semut kui di pangani marang
manuk platk kui.
Sawise wareg manuk
platuk lunga kang panggonane semut, sawise manuk platuk lunga banjur semut
semut sing isih turah lunga marang ngisor lan luru omah anyar. Ing ngisor
banjur semut semut nemoniwatu watung sing bisa kanggo gawe omah semut kui.
Sawise nemu langsung kabeh semut marang omah sing anyar lan urip kepenak ing
ngisor ngisor watu kui. Ing kono semut semut urip aman lan rukun.
CERITA SINGKAT BAHASA JAWA
DI KARANG BUDI ARIYANTO. Budi.ari57@ymail.com budybola.blogspot.com
FB : Budi Ariyanto
IG : BUDIARIYNTO_YABUDI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar